SUGENG RAWUH TEN BLOG MP3 DAGELAN CAK KARTOLO CS LAN SUGENG MIDANGETAKEN

Carane Nggolek Duit Nang Internet :

Big Family "Bisnis STIFORP" Rotator

STIFORP Indonesia
Video Penarikan Bonus Stiforp via ATM MANDIRI

Belum join Bisnis Online Stiforp? Daftar DI SINI Semoga Sukses!!

Thursday 28 January 2010

Basman Nyeleweng

Critane : Kartolo dadi anake Basman sing sugih, karo koncone Sapari ambek Sokran omong-omongan. Pas nang ndalan ketemu ambek Tini anake Bu Mety. Kartolo seneng ambek Tini, ambek Tini kongkon nglamar nang omahe langsung. Tibakno bapake Tini yo bapake Kartolo (Basman). Pas wayahe nglamar Kartolo gak ambek bapake mek ambek ibuke karo konco-koncone. Yok opo crito teruse? Ringekno dewe yo.... (Pemain: Cak Basman, Cak Kartolo, Cak Sokran, Cak Sapari, Cak Rpy Markun, Ning Mety, Ning Isye ambek Ning Tini)


Link Download :
  • Basman Nyeleweng side A : HQ
  • Basman Nyeleweng side B : HQ

Sunday 24 January 2010

Branjang Kabel

Critane : Side A, Wong telu (Kartolo, Sapari, Munawar) latihan ludruk judule "Branjang Kawat" tapi ambek Sapari digenti "Branjang Kabel". Side B, Munawar ambek bojone bingung arep mbangun omah butuh arep tuku boto. Mari ngono Munawar budal metu arep tuku boto ketemu Kartolo nang dalan. Kartolo ngomong nek pamane Kartolo (Amin Tohari) nduwe galangan, Munawar terus nitipno duwik 20 ewu gawe pesen boto. Mari ngono Kartolo budal nang pamane, trus ngomong nek Munawar pesen boto. Trus Kartolo ngomong nek pamane diundang Pak Wongso kenduren, mari pamane metu, Munawar teko. Trus Kartolo ngomong nek pamane Kartolo cemburu nang Munawar mergo nggudo bojone pamane, Munawar arep diasap ambek Boto, mergo wedi Munawar keplayon. Yok opo teruse crito? Ringekno dewe yo ....


Link Download :
  • Branjang Kabel side A : HQ
  • Branjang Kabel side B : HQ

Monday 11 January 2010

Dukun Seret

Critane : Kartolo ambek Tini pacaran, tapi bapake Kartolo sing jenenge Basman gak seneng karo Tini mergo Tini iku anake Sokran (Sokran iki mungsuhe Basman). Mergo Kartolo pingin terus ambek Tini akhire Kartolo nggawe pokal gawe supoyo Bapake ambek Bapake Tini isok rukun.
Pas mulih tibakno Tini gendeng, ditakok'i dijawab ambek hi, hi (ngguyu ae). Mergo bingung Sokran nggolek dukun supoyo anake waras. Pas nang ndalan Sokran ketemu Sapari ngomong nek Basman iku dukun sing isok marasno lorone Tini. Jare Sapari umpomo gak gelem nambani kongkon ngaploki. Akhire Sokran ketemu Basman, langsung Basman diseret ambek Sokran nang omahe, Pingin weruh teruse crito? Opo Tini isok waras? Ringekno dewe yo... (Pemain: Cak Kartolo, Cak Munawar, Cak Basman, Cak Sokran, Cak Sapari, cak Subur ambek Ning Kastini)


Link Download :
  • Dukun Seret side A : HQ
  • Dukun Seret side B : HQ
peluang usaha

Sing Ngeklik iklan iki ta' dungakno rejekine akeh, Suwun :) :