SUGENG RAWUH TEN BLOG MP3 DAGELAN CAK KARTOLO CS LAN SUGENG MIDANGETAKEN

Carane Nggolek Duit Nang Internet :

Big Family "Bisnis STIFORP" Rotator

STIFORP Indonesia
Video Penarikan Bonus Stiforp via ATM MANDIRI

Belum join Bisnis Online Stiforp? Daftar DI SINI Semoga Sukses!!

Tuesday, 29 December 2009

Kucing Gering

Critane : Sapari bojone Tini bingung masalah kebutuhan urip, duwik gak cukup mergo kebutuhan akeh, akhire pamit metu nggolek obyekan (penggawean). Pas nang ndalan ketemu karo Kartolo, Sapari ngomong nek de'e butuh duwik. Kartolo ngomong enak'e ngene mlaku-mlaku terus nemu duwik satus sewu, duwik 50 ewu ambek Sapari dikulakno iwak asin, lha Kartolo dikulakno Kucing. Mari ngomong-ngomong Sapari muring-muring mergo kucinge Kartolo nyolong, mangani iwak asine Sapari. Akhire wong loro maeng tukaran terus nglaporno masalah maeng nang Lurah. Yok opo teruse crito? Ringekno dewe yo... (Pemain: Cak Kartolo, Cak Sapari, Cak Munawar, Ning Kastini, Ning Maryam/Karjo AC-DC)


Link Download :
  • Kucing Gering side A : HQ
  • Kucing Gering side B : HQ

Monday, 28 December 2009

Rebut Balung

Critane : Sokran ngesir ambek Tini, Sapari ambek Kartolo pingin mbantu nglancarno. Kartolo ngomong nek Tini seneng ambek wong jagoan, Sokran akhire ngantemi Sapari alasane Sapari gak gelem nyaur utang pas onok Tini, Tini misah ambek ngamuk Sokran. Trus Kartolo ngomong nang Sokran nek maeng salah, sing bener Tini seneng wong sing melas, akhire gantian Sokran sing diantem Sapari alasane utange wis disaur tapi tetep ngamuk, akhire Tini malah ngapokno Sokran, Sokran ditinggal dewe.
Side B, Pak Sontolowo (bapake Tini) nang omahe Basman perlu nyilih duwik kanggo keperluan sekolahe anake Tini, akhire Basman nyilihi duwik. Kartolo ambek Sapari ketemu Sokran ngomong nek Pak Sontolowo nduwe utang nang Basman, trus ngongkon Sokran nagih nang Pak Sontolowo ngomong nek Sokran iku dadi kongkonane Basman. Yok opo teruse crito? Ringekno dewe yo....





Link Download :
  • Rebut Balung side A : HQ
  • Rebut Balung side B : HQ

Sunday, 27 December 2009

Ratune Iwak

Critane : Kancil penggaweane nggolek iwak alias mancing koncoan ambek Kartolo karo Sokran. Kancil nduwe dulur Sokran (Banyu Urip) sing sugih tapi medit ambek Kancil, bojone Sokran (Tini) nyambut gawe dodolan iwak. Sokran njaluk sepeda motor ambek bojone (Tini) tapi bojone semoyo disik. Mari ngono Kartolo ketemu Sokran arep usaha, ujug-ujug Kancil teko ngomong nang omah onok mangan-mangan iwak ketepakan cacake Kancil (Sokran A) yo onok pisan. Akhire wong telu maeng budal nang omahe Kancil, pas enak-enakan mangan, dulur ipene (Tini) teko ambek muring-muring. Yok opo teruse crito? Ringekno dewe yo..... (Pemain : Cak Kartolo, Cak Sokran A, Cak Kancil, Cak Sokran B, Ning Kastini)


Link Download :

Kartolo Cipeng

Critane : Kartolo sir-siran(gendakan) ambek Tini, lha Tini nduwe adik jenenge Cipeng sing senengane ngidung. Munawar sing "nyopir" Cikar ambek Sapari sing nyopir trek saingan mergo ngesir ambek Tini, sampek-sampek wong loro maeng entek2an ngeke'i barange kabeh nang Tini sampek garek kaus kutang thok. Mari ngono Kartolo mrono nang omahe Tini, Sapari ambek Munawar kisinan. Yok opo teruse crito? Ringekno dewe yo... (Pemain : Cak Kartolo, Cak Sapari, Cak Munawar, cak Amin Tohari, Ning Kastini, Cipeng)


Link Download :
  • Kartolo Cipeng side A : HQ
  • Kartolo Cipeng side B : HQ

Tuesday, 22 December 2009

Gerbong Areng

Critane : Kartolo pacaran ambek Marlena runtang-runtung, terus kepingin ngresmekno hubungan, marani nang pamane Kartolo (Basman) perlune njaluk restune. Lha Subur pamane Marlena nggoleki Marlena arep dirabekno ambek Sokran soale Sokran iku gelek ngekeki duwik. Pas Kartolo teko nang pamane Basman terus ngomong nek dino Sabtu arep rabi ambek Marlena, mari ngono Basman pamit arep potong rambut,
Lha ketepakan sing dadi tukang potong rambut iku pamane Marlena (Subur) terus Basman ngomong nek arep nduwe mantu jenenge Marlena arep dirabekno Kartolo, Pak Subur Kaget. Yok opo teruse crito? Ringekno dewe ... (Pemain : Cak Kartolo, Cak Basman, Cak Sokran, Cak Subur, Ning Marlena)


Link Download :
  • Gerbong Areng side A : HQ
  • Gerbong Areng side B : HQ

Sunday, 20 December 2009

Kartolo Pemburu Cipret

Critane : Kartolo anake Pak Sontolowo senengane mbedil (nembak manuk/berburu), Pak Sontolowo nggoleki Kartolo perlune arep dirabekno, tapi Kartolo gak gelem mergo durung nyambut gawe. Akhire wong loro (Kartolo ambek Sapari ) budal nggolek manuk.
side B, Bu Anik sing rondo diparani karo Basman sing nduwe roso seneng karo Bu Anik ngrayu Bu Anik supoyo gelem dirabi tapi Bu Anik gak gelem.
Kartolo ambek Sapari berburu nang alas ketemu karo Tini sing omahe cedek alas. Kartolo ambek Sapari takon endi nggone manuk sing akeh, ambek Tini diduduno. Mari berburu manuk, Kartolo ambek Sapari ketemu Basman sing jarene manuke dibedil, tapi untunge gak kenek. Mari ngono ketemu Bu Anik, Kartolo ambek Sapari njaluk diduduno nggone manuk sing akeh njaluk diterno pisan.
Mari berburu Kartolo mulih nemoni bapake Sontolowo, Kartolo terus adus. Pas Kartolo adus, Tini marani Kartolo nuntut njaluk dirabi. Mari ngono Bu Anik yo teko nuntut njaluk dirabi Kartolo pisan. Yok opo teruse crito? Ringekno dewe yo ...


Link Download :
  • Kartolo Pemburu Cipret side A : HQ
  • Kartolo Pemburu Cipret side B : HQ

Tuesday, 15 December 2009

Besut '81

Critane : Wong telu Kartolo, Sapari ambek Munawar pingin nglestarekno budaya Jawa Timur Ludruk. Akhire wong telu ambek konco-konco latihan ludruk nang omahe Munawar, akhire latihan ludruk Besut. Kartolo dadi Besut, Sumo Gambar sing dadi Sapari, Munawar dadi Paman Gondo, Sriatun dadi Rosmini ponakane Man Gondo. Yok opo teruse crito? Ringekno dewe yo....



Link Download :
  • Besut '81 side A : HQ
  • Besut '81 side B : HQ

Macan Ompong

Critane : Sontolowo sing nggak duwe untu (ompong) nduwe bojo ambek anak tapi senengane kluyuran, gak blonjoni bojone malah njaluki duwik bojone. Pas Sontolowo muleh bojone gregeten muring-muring ambek Sontolowo, akhire bojone Sontolowo nyengkreh mbalik nang ndesone.
nang side B, Basman sing dadi Lurah omong-omongan ambek bayan Sokran, ngomongno tikus-tikus sing nyerang sawah, durung mari omong-omongan, bojone Sontolowo ambek anake (Tini) medayoh lapor nek de'e mbalik maneh nang ndeso iku.
Sontolowo nang omah ketamon Sapari (ponakane Sontolowo) sing diterno Kartolo, Sapari takok nang endi bibike (bojone Sontolowo), dijawab ambek Sontolowo wis mati. Trus Sapari ngomong nek de'e pingin dilamarno arek wedok sing jenenge Hastutik.
Bareng Sontolowo ambek Sapari nang omahe Hastutik, ndilalah ketemu karo bojone Sontolowo. Yok opo crito teruse? Ringekno dewe yo....



Link Download :
  • Macan Ompong side A : HQ
  • Macan Ompong side B : HQ

Monday, 14 December 2009

Kaul Ngedukno Lemah

Critane : Kartolo marani nang Basman sing dadi jragan materialan, ngomong nek Blontang (dulur adohe Basman) nduwe gawe "Ngedukno lemah", Kartolo ngomong nang Basman nek Blontang butuh duwik 100 ewu, sedino rong dino dibalekno 120 ewu. Basman setuju, ngeke'i duwik 100 ewu maeng, ambek surat perjanjian sing ditandatangani Kartolo. Mari oleh duwik Kartolo pamit, nang tengah dalan Kartolo ketemu konco-konco liyane (Sokran, Sapari, Njoto) ngomong nek Blontang nduwe gawe ngedukno lemah ambek butuh bantuan arek-arek.
Akhire wong telu maeng marani nang omahe Blontang, Basman pisan yo mrono. Bareng nang kono gak onok opo2, gak onok tanda-tandae wong nduwe gawe. Yok opo teruse crito, Ringekne dewe yo.....



Link Download :
  • Kaul Ngedukno Lemah A : HQ
  • Kaul Ngedukno Lemah B : HQ

Sunday, 13 December 2009

Peking Wasiat

Iki rekaman pertama teko Kasete Cak Kartolo CS. Judule "Peking Wasiat", Peking nang kene dudu jenise manuk, tapi arane gamelan jowo.
Critane : Kartolo, Sapari ambek Yakin ngerjai Munawar sing biasane tukaran ambek bojone, supoyo tuku gamelan "Peking" sing nduwe kesakten isok nggarai wong sing ngrungokno "Peking" maeng isok sakno ngeke'i sembarang kalir. Tapi bareng dituku Munawar 100 ewu, trus mulih bojone ngamuk, "Peking" maeng ditabuh tapi bojone pancet ngamuk, gak onok kasiyate blas. Yok opo terusane crito? Ringekno dewe yo...



Link Download :
  • Peking Wasiat side A : HQ
  • Peking Wasiat side B : HQ

Warung Kintel

Critane : Blontang nduwe warung sing dijuluki warung kintel mergo Blontang wajahe mirip, tapi saiki wis tutup dadi Blontang gak dodol maneh. Kartolo ambek Sapari nggudoi Blontang terus.
side B : Basman karo bojone omong-omongan ngenai sawahe sing panen, mari ngono Blontang sing sek dulur karo Basman nyilih sepeda pancal kanggo ngeterno anake. Sakjane Basman yo males nyilihno sepda maeng, berhubung sek dulur akhire sepeda maeng disilihno Blontang. nang tengah ndalan Blontang ketemu Kartolo ambek Sokran, lha sepeda maeng ambek Blontang didol nang Sokran 30 ewu. Yok opo teruse crito? Opo Basman ngamuk? Ringekno dewe yo.... (Pemain : Cak Kartolo, Cak Blontang, Cak Sapari, Cak Sokran, Cak Basman, Ning Kastini)




Link Download :
  • Warung Kintel side A : HQ
  • Warung Kintel side B : HQ

Tuesday, 8 December 2009

Patih Kabur Kanginan

Critane : Sidik nduwe koleksi keris sing biasane disilihi wong, tapi bojone Sidik (Ning Tini) gak seneng blas, mari ngono Sapari medayoh nyilih kerise Sidik maeng. Mari nyilih keris maeng, Sapari ambek Sokran marani Basman, arep ngedol keris maeng sing dijenengi keris "Koro Welang" luk songo (9). Keris maeng didol nang Basman 200 ewu, tapi Basman gak gelem malah ngenyek. Berhubung Basman gak gelem tuku, wong loro maeng pamit.
Mari ngono teko Patih teko negeri Atas Angin (Kartolo) ngomong nang Basman nek Patih maeng nggoleh Keris "Koro Welang" luk 9, piro ae regane dituku masiho regane jutaan dituku. Akhire Basman nyanggupi nggoleki keris maeng dike'i uang muka 10 ewu. Kepingin eruh crito teruse? Opo Basman kebujuk? Ringekno dewe yo .... (Pemain : Cak Kartolo, Cak Sokran, Cak Sapari, Cak Basman, Cak Sidik, Ning Kastini)



Link Download :
  • Patih Kabur Kanginan side A : HQ
  • Patih Kabur Kanginan side B : HQ

Sunday, 6 December 2009

Kumpeni Gulung Tikar

Critane : Pas jaman penjajahan kumpeni londo, Ratu-Ratu nang tanah jowo kabeh diajak kerjasama ambek kumpeni londo. Lha Kartolo dadi pejuang sing tugase nglawan penjajahan londo lan sa' anteke. Lha Basman dadi Rojo alias Ratu, Sapari dadi patihe Basman, Ratu Basman iki melok dadi bolone kumpeni maeng.
Kartolo (Bambang Kartolo Sarpo) mudun teko pedepokan "Mrutu Sewu" kanggo merangi kumpeni londo ketemu Kastini sing nggolek kayu nang alas. Terus Kartolo pamit nang kutho nggolek'i Ratu-Ratu sing nyambut gawe karo Kumpeni supoyo ojok melok Kumpeni Londo. Nang Kutho Kartolo mampir nang pamane sing dadi Ratu, tibakno Basman iku pamane Kartolo. Kepingin weruh teruse crito? Ringekno dewe yo...

Download Link :
  • Kumpeni Gulung Tikar side A : HQ
  • Kumpeni Gulung Tikar side B : HQ
peluang usaha

Sing Ngeklik iklan iki ta' dungakno rejekine akeh, Suwun :) :