SUGENG RAWUH TEN BLOG MP3 DAGELAN CAK KARTOLO CS LAN SUGENG MIDANGETAKEN

Carane Nggolek Duit Nang Internet :

Big Family "Bisnis STIFORP" Rotator

STIFORP Indonesia
Video Penarikan Bonus Stiforp via ATM MANDIRI

Belum join Bisnis Online Stiforp? Daftar DI SINI Semoga Sukses!!

Wednesday 3 February 2010

Jaran Mayang Seto

Sekali-kali crito sing serius, crito iki diilhami teko perjuangane rakyat Indonesia nglawan Londo penjajah sing onok nang tanah Jowo (daerah Pasuruan-Probolinggo). Cak Kartolo kedapuk dadi Bambang Sutejo sing numpaki Jaran putih sing arane "Jaran Mayang Seto" ngobrak-abrik pabrik tebu-ne wong Londo. Wong-wong sing melok bolo Londo mangkel sampek nglaporno kelakoane Bambang Sutejo maeng nang nggone tangsi Londo. Bambang Sutejo pas nang ndalan ketemu karo Santi anake Lurah Wongso (Lurah sing gak gelem nyambut gawe ambek Londo), Lha Santi iki konco sa' perguron ambek Bambang Sutejo sekaligus yo dadi pacare pisan.
Wadeng pimpinane wong sing nyambut gawe ambek Londo marani Lurah Wongso perlune arep nglamar anake Lurah Wongso, ambek de'e ngongkon Lurah Wongso leren dadi Lurah deso Kraton, ambek ngongkon penduduke nandur tebu telung prapat teko tanahe, tapi Lurah Wongso gak gelem. Mari ngono onok kongkonan Londo sing jenenge Nurbidin, mari ngono nyeret Lurah Wongso digowo nang Tangsi. Mari ngono Santi anake Lurah Wongso mlayu ketemu ambek Bambang Sutejo, trus ngomong nek Bapake diseret ambek Londo. Pingin weruh teruse crito? Ringekno dewe yo... (Pemain : Cak Kartolo, Cak Sapari, Cak Munawar, Cak Basman, Cak Bowo, Ning Kastini ambek konco-konco liyane)


Link Download :
  • Jaran Mayang Seto side A : HQ
  • Jaran Mayang Seto side B : HQ

No comments:

Post a Comment

peluang usaha

Sing Ngeklik iklan iki ta' dungakno rejekine akeh, Suwun :) :