SUGENG RAWUH TEN BLOG MP3 DAGELAN CAK KARTOLO CS LAN SUGENG MIDANGETAKEN

Carane Nggolek Duit Nang Internet :

Big Family "Bisnis STIFORP" Rotator

STIFORP Indonesia
Video Penarikan Bonus Stiforp via ATM MANDIRI

Belum join Bisnis Online Stiforp? Daftar DI SINI Semoga Sukses!!

Tuesday 9 February 2010

Sinden Bledek

Critane : Wong telu : Kartolo, Sapari ambek Maryam pingin latihan nembang (nyinden) ambek onok drama-e pisan, Munawar yo pamit nang bojone arep onok obyek (Munawar gak ngomong nek arep latihan nang omahe Maryam), mergo curiga Ning Tini (bojone Munawar) ngetutno. Munawar ketemu Kartolo nang ndalan terus bareng budal latihan nang omahe Maryam, mari latihan nembang Munawar ambek Maryam latihan drama percintaan. Ujug-ujug Ning Tini teko terus ngamuk bojone. Yok opo teruse crito? Ringekno dewe yo... (Pemain: Cak Kartolo, Cak Sapari, Cak Munawar, Ning Kastini ambek Ning Maryam)


Link Download :
  • Sinden Bledek side A : HQ
  • Sinden Bledek side B : HQ

Monday 8 February 2010

Ketemu Jodoh

Critane : Kartolo ketemu Marlena nang dalan, mari ngono kidung-kidungan (gending Kicir-kicir) wong loro. Berhubung Kartolo seneng ambek Marlena, Kartolo ngajak Marlena nang omahe pamane Kartolo (Basman). Nang kono wong telu kidung-kidungan (Tul Jaenak). Pingin weruh teruse crito? Ringekno dewe yo... (Pemain : Cak Kartolo, Cak Basman ambek Ning Marlena)


Link Download :
  • Ketemu Jodoh side A : HQ
  • Ketemu Jodoh side B : HQ

Radio Mata Sapi (Sidik Cs)

Sekali-kali ngrungokno dagelan Ludruk Cak Sidik Cs ben nambah nuansa lain :). Critane : Solikin tuku radio nang Cak Sidik, Sidik ngomong njupuke radio nang omahe Dadang. Mari ngono Sidik nang omahe Dadang trus berhubung radione rusak Sidik nggawe pokal gawe kanggo ngakali Solikin, Sidik mlebu ngisore mejo, radione nang dukur mejo. Bareng Solikin teko, Dadang ngomong nek radione titipane Sidik jenenge "Radio Mata Sapi" tapi nek nguripnone ditutuk disik. Yok opo teruse crito? Ringekno dewe yo... (Pemain : Cak Sidik, Cak Solikin, Cak Dadang ambek Ning Surya Dewi)






Link Download :
  • Radio Mata Sapi (Sidik cs) side A : HQ
  • Radio Mata Sapi (Sidik cs) side B : HQ

Thursday 4 February 2010

Balung Badak

Critane : side A, onok Cak Blontang ambek Kartolo guyonan onok Tini (saiki dadi anake Blontang) pisan nang kono. Side B : Sokran ambek Sapari dadi tukange Basman sing pas mbangun omahe dikongkong nggolek kayu nggawe "balungane" omah. Akhire wong loro maeng (Sapari ambek Sokran) metu nggolek "balungan" nang tengah dalan ketemu ambek Blontang, terus Sokran pesen Blontang kongkon nggolekno Blontang "balungan" dikirim nang omahe Basman, ambek dike'i porsekot pisan 150 ewu. Pas wayahe kirim balungan kisruh, Blontang ngggak ngirim kayu tapi ngirim "balung Badak". Yok opo teruse crito? Ringekno dewe yo... ( Pemain: Cak Kartolo, Cak Sapari, Cak Basman, Cak Sokran, Cak Blontang, Ning Kastini ambek Ning Lasiana)



Link Download :

Wednesday 3 February 2010

Jaran Mayang Seto

Sekali-kali crito sing serius, crito iki diilhami teko perjuangane rakyat Indonesia nglawan Londo penjajah sing onok nang tanah Jowo (daerah Pasuruan-Probolinggo). Cak Kartolo kedapuk dadi Bambang Sutejo sing numpaki Jaran putih sing arane "Jaran Mayang Seto" ngobrak-abrik pabrik tebu-ne wong Londo. Wong-wong sing melok bolo Londo mangkel sampek nglaporno kelakoane Bambang Sutejo maeng nang nggone tangsi Londo. Bambang Sutejo pas nang ndalan ketemu karo Santi anake Lurah Wongso (Lurah sing gak gelem nyambut gawe ambek Londo), Lha Santi iki konco sa' perguron ambek Bambang Sutejo sekaligus yo dadi pacare pisan.
Wadeng pimpinane wong sing nyambut gawe ambek Londo marani Lurah Wongso perlune arep nglamar anake Lurah Wongso, ambek de'e ngongkon Lurah Wongso leren dadi Lurah deso Kraton, ambek ngongkon penduduke nandur tebu telung prapat teko tanahe, tapi Lurah Wongso gak gelem. Mari ngono onok kongkonan Londo sing jenenge Nurbidin, mari ngono nyeret Lurah Wongso digowo nang Tangsi. Mari ngono Santi anake Lurah Wongso mlayu ketemu ambek Bambang Sutejo, trus ngomong nek Bapake diseret ambek Londo. Pingin weruh teruse crito? Ringekno dewe yo... (Pemain : Cak Kartolo, Cak Sapari, Cak Munawar, Cak Basman, Cak Bowo, Ning Kastini ambek konco-konco liyane)


Link Download :
  • Jaran Mayang Seto side A : HQ
  • Jaran Mayang Seto side B : HQ

Tuesday 2 February 2010

Misteri Gunung Merapi (Live Show)

Sekali-kali nampilno videone "Live Show" cak Kartolo teko Youtube ben gak bosen :), Pemaine sing lawas mek wong papat : Cak Kartolo, Cak Sapari, Cak Slamet ambek NIng Kastini sing liyo tambahan. Onok 6 bagian, sing ta' tampilno bagian siji sa' liyane isok sampeyan delok nang Youtube, tapi ta' sediakno link download lengkap sing dowo ambek sing endek, plus sa' mp3-ne pisan.


Link Download video (Short Video - mp4) :
  1. Misteri Gunung Merapi : bag 1
  2. Misteri Gunung Merapi : bag 2
  3. Misteri Gunung Merapi : bag 3
  4. Misteri Gunung Merapi : bag 4
  5. Misteri Gunung Merapi : bag 5
  6. Misteri Gunung Merapi : bag 6
Link Download Full Video (Length Video - avi) :

Versi mp3-ne :



Link Download mp3-ne :
  • Misteri Gunung Merapi (Live Show) mp3 : Download


Monday 1 February 2010

Kartolo Dadi Ratu

Critane : Kartolo ambek Basman cacake nggoleki adike Slamet, ndadakno ketemu nang kraton liyo Slamet arep rabi putri jenenge Kastini. Kartolo ambek Basman pingin ngajak mulih Slamet, tapi Slamet gak gelem mulih malah tukaran ambek cacake. Bareng tukaran wong loro Kartolo ambek Basman kalah keplayon, Kartolo saking sumpeke topo nang alas, terus onok wangsit supoyo Kartolo ngrebut kekuasaan nang kraton Rojo Molo sing dadi raja yoiku Sapari. Akhire Kartolo nang kraton maeng terus ngrebut kekuasaane prabu Sapari, mari dikalahno Kartolo ngongkon Sapari ngrebut Kastini pacare Slamet supoyo dadi bojone Kartolo. Yok opo teruse crito? Ringekno dewe yo...

Link Download :
  • Kartolo Dadi Ratu side A : HQ
  • Kartolo Dadi Ratu side B : HQ
peluang usaha

Sing Ngeklik iklan iki ta' dungakno rejekine akeh, Suwun :) :