SUGENG RAWUH TEN BLOG MP3 DAGELAN CAK KARTOLO CS LAN SUGENG MIDANGETAKEN

Carane Nggolek Duit Nang Internet :

Big Family "Bisnis STIFORP" Rotator

STIFORP Indonesia
Video Penarikan Bonus Stiforp via ATM MANDIRI

Belum join Bisnis Online Stiforp? Daftar DI SINI Semoga Sukses!!

Wednesday 29 April 2009

Soto Gagak

Critane : Munawar iki bojone Ning Tini, wonge gak nduwe alias pas-pasan. Lha pas butuh duwek nggawe sa' bendinane gak ono, akhire kepeksan ngedol wedus siji (weduse onok loro) sing jenenge bejo, weduse iki sek cempe. Bareng teko dalan, wedus maeng semper, gak kuat mlaku, Munawar ketemu karo Kartolo mbarek Markeso, akhire Kartolo mbujuki Munawar, wedus maeng ditukar mbarek pitik babon, Munawar gelem. Pas gak suwi nek mlaku, Munawar ketemu Sapari, mbarek Sapari, pitik babon maeng diijoli kucing, Munawar yo gelem ae. Lha pas nang pasar Munawar bingung ketemu karo Basman sing dodolan Soto Gagak. Mbarek Basman malah diajak totohan, nek bojone Munawar bakal muring-muring mergo Munawar kebujuk maeng, totohane duwek 50 ewu. Yok opo terusan critane, Opo bojone Munawar muring-muring? Ringekno dewe yo :).

Link Download :

Dukun Ulo Enthong

Critane : Basman nduwe gendakan(pacar) jenenge Tini, sakjane Tini iki gak gelem karo Basman, tapi Basman wis entek-entekan bondho, opo ae dikekno nang Tini maeng, sampek-sampek Basman gak duwe duwek. lah pas ketemu koncone Sokran mbarek Sidik, Basman sambat, akhire wong loro maeng nduwe ide kanggo nggolek duwek ben cepet, Basman dikongkon dadi dukun, dukune arane "Nyai Losi". Supoyo ndang cepet oleh duwek langsung praktek wong loro maeng (sidik mbarek Sokran) dadi cantrike lha dukune "Nyai Losi" ndelik nang grumbul. Ndilalah pasien pertama koq gendakane Basman yoiku Tini mbarek pacare Kartolo. Yok opo polahe Basman bareng sing dadi pasien iku Tini mbarek gendakane Kartolo? ringekno dewe yo :) .


Link Download :

Wednesday 22 April 2009

Mantu Ulo Sowo

Critane : Kartolo dadi mantune Basman, bojone jenenge Ning Tini. Tapi Kartolo iki kebacut metel(males) nyambut gawe, sampek Basman muring-muring ambek Kartolo. Pas onok Sidik nang omahe Basman, de'e ndelok fotone Tini, dikiro sek bujang de'e langsung nglamar, mbarek basman ditrimo ae, tapi de'e bingung yok opo carane nyingkirno Kartolo. Akhire Basman ngongkon Sapari dikongkon mateni Kartolo, ambek Sapari diakali nggowo klambine Kartolo ambek ngomong Kartolo wis dipateni buktine klambine Kartolo maeng, Tini sing ngerti koyok ngono maeng langsung gendeng, bapake (Basman) bingung, akhire nggolek dukun. Yok Opo crito teruse, opo Kartolo bener mati, yok opo nasibe Tini? Ringekno dewe yo :)




Link Download :

Tuesday 21 April 2009

Jrangkong Krinan

Critane : Blontang, Kartolo mbarek sapari koncoan, runtang-runtung wong telu. Akhire pas onok warunge Cak Sokran wong telu maeng mampir, terus mangan sa'warege. Bareng pas mari mangan wong telu maeng gak duwe duwek blas, terus semoyo nek arep nyaur utange maeng. Cak Sokran gelem, tapi kudu onok jaminane. akhire Blontang sing dadi jaminan, kudu mbantu Cak Sokran nang warung maeng. Pas Cak sokran lempeh (lengah), Blontang mlayu, saking wedihe Blontang ndelik nang kuburan. Yok opo terusan critane, ringekno dewe yo :)







Link Download :

Bolah Ruwet

Critane : Critane Onok wong wedok jenenge Ginah (Ning Susiati) kelangan anak sing jenenge Ginten (Tini), terus ketemu mbarek Kartolo lan konco-koncone. Kartolo akhire seneng mbarek Ginah maeng (sing umure pantes dadi ibuke), ambek Kartolo diajak mulih ketemu mbarek Bapak'e (Basman). Lha Basman yo kedayoan Ginten (Tini) sing sa'durunge ketemu Bagong (buruhe Basman) terus akhire Tini seneng mbarek Basman lan gelem diajak kawin. Pas Kartolo mulih, anak mbarek mboke ketemu (ginah ketemu Ginten). Yok opo crito teruse, ringekno dewe yo:)




Link Download :

Genthong Mengkureb

Critane : Ning Tini dadi rondo, nduwe gendakan jenenge Kartolo. Lha pas nang ndeso iku onok Pak Bayan (Munawar) yo seneng mbarek Ning Tini maeng. Lha pas Kartolo janjian arep ketemu mbarek Ning Tini, Pak Bayan ndingkik. Lha pas wayahe janjian, Pak Bayan teko ndisiki, dadi nang omah cuman wong loro, Pak Bayan karo Ning Tini. Pas onok grebekan wong-wong sing jogo mbarek Pak Polo, Pak Bayan bingung akhire ndelik nang genthong (genthonge dikurebno). Yok opo crito teruse, ringekno dewe yo :)


Link Download :

Sopir Lori

Critane : Kartolo nduwe gendakan (pacar) sing jenenge Ning Jasmani, Kartolo wis sepakat arep nglamar ning Jasmani. Ndilalah onok sing nglamar disik, mbarek bapake Ning Jasmani (Kancil) ditrimo ae, jenenge sing nglamar koq podho karo jenenge bapake yoiku Sokran, penggaweane yo podho yoiku Sopir. Atine Kartolo langsung mbedodok de'e ngamuk nang Bapake, akhire Bapake Kartolo (Sokran) mbarek Kartolo nggenahno masalahe nang bapake Jasmani. Yok opo terusan critane, ringekno dewe yo :)




Link Download :

Monday 20 April 2009

Manten Puret

Critane : Kartolo nduwe pacar sing jenenge Ning Tini, tapi ndilalah bapake (Munawar) ndisiki nglamar pacare maeng, opo gak mbedodok atine Kartolo. Akhire Kartolo nggawe akal ben Bapake gak sido dadi manten karo pacare maeng, de'e nggawe surat nek kemanten lanang kecelakaan sampek matek. Akhire sing ngganteni manten lanang maeng yo Kartolo. Yok opo akhire crito, yok opo nasibe Munawar? ringekno dewe yo :)

Link Download :

Endoge Welut

Critane : Kartolo ambek bojone Ning Tini saiki dadi tukang mbujuk, senengane mbujuki kanca-kancane, embuh alasane utang, embuh dodolan tapi gak onok barange :). Cak Munawar sing dadi tukang rombeng kenek bujuk, Sapari kenek bujuk jas, Cak Sokran sing nduwe pracangan beras lan sapunonggale kenek bujuk mbarek Ning Tini. Lha sing paling akeh kebujuk yo Basman sing nduwe depot. Yok opo terusane critane, opo wong papat iki nglabrak nang omahe Kartolo sing mbujuki? Ringekno dewe yo :)



Link Download :

Tuesday 14 April 2009

Srabi Kecemplung Kalen

Critane : Kartolo nyambut gawe nang kutho, ambek juragan wedok de'e disenengi, lha pas mulih nang ndeso de'e bingung nggolek biaya kanggo rabi karo pacare sing jenenge Tini. Terus Kartolo nduwe rencana nggolek duwek gawe ongkos rabi ngajak Tini bareng nyambut gawe nang kutho. Pas Nang kutho ndilalah juragan lanang (Basman) seneng ambek Tini, Tini dike'i duwek; juragan wedok seneng ambek Kartolo, Kartolo yo dike'i duwek pisan. Yok opo terusane critane, ringekno dewe yo :).









Link Download :

Kriwikan Grojokan

Critane : Kartolo mulih nang ndeso perlune kate njaluk warisan mergo utange akeh. Lha Pamane Kartolo sing jenenge Basman eling pesene bapake Kartolo, nek Kartolo oleh njupuk warisane nek Kartolo wis rabi. Mergo Kartolo durung nduwe gendakan (pacar), kartolo njaluk tulung pamane yok opo ndang cepet rabi, Basman nduwe ide Kartolo diolehno gendakane Munawar (anake Basman) sing jenenge Tini, tapi onok syarat-syarat tertentu. Yok opo kelanjutane critane? ringekno dewe yo :)


Link Download :

Monday 13 April 2009

Tenguk-Tenguk nemu Gethuk

Critane : Pak Sontolowo bojone Bu Anik nduwe anak lanang loro Sapari ambek Kartolo, Sapari iki arek enom sing mbeling, senenge ugal-ugalan, jarang mulih, Kanggo ngatasi "mbelingi" Sapari, wong tuwone rencana ngrabekno Sapari maeng, akhire Sapari gelem. terus Pak Sontolowo nglamar anake Pak Basman (jenenge Tini). Lha pas gawene, ternyata Sapari gak gelem, malah ngenyek manten wedok. Pak Sontolowo jelase yo wirang, kanggo nutupi wirang,e Kartolo nutupi cacake, ngrabi Tini. Yok opo terusane, rungokno dewe, yo ! (Pemain: Ning Anik, Pak Sontolowo, Cak Kartolo, Cak Sapari, Cak Sokran, Cak Basman, Ning Tini)



Link Download :

Sunday 12 April 2009

Blontang Pemborong Bonafid

Critane : Cak Blontang dadi pemborong, duduk sembarang pemborong de'e dadi pemborong nggawe sumur bor, wis terkenal hasile. Lha, Ning Lasiana, bojone Cak Blontang manfatno profesine bojone kanggo nyeleh duwit nang Basman, tapi neng Lasiana ngaku bojone kerjo nang Pengeboran minyak luar pulau, dadi Basman percoyo ae, nyilihi duwik 500 ewu, bareng jatuh tempo Ning Lasiana gak mbalekno duwike, Basman bingung, terus nggoleki neng Lasiana. Yok opo crito teruse, ringekno dewe yo ! (Pemain: Cak Kartolo, Cak Sapari, Cak Blontang, Cak Basman, Ning Kastini ambek Ning Lasiana)



Link Download :

Thursday 9 April 2009

Loro Pangkon

Critane : Munawar arep rabi oleh anake Pak Basman jenenge Kastini (tapi Kastini gak seneng ambek sek dibawah umur). Munawar njaluk tulung Kartolo karo Sapari ngramek-ngramekno gawene/kemantenane njaluk wong loro maeng (Kartolo ambek Sapari) ngadakno Loro Pangkon (serah trima pihak manten lanang lan pihak manten wedok nganggo acara rebutan jago). Ndilalah pas acara rame (takon2an ambek gelut barang) Kastini (manten wedok) minggat, Munawar karo Pak Basman bingung nggoleki. Yok opo terusane, rungokno dewe yo, mosok koyok arek bayek ae dicritani terus :).







Link Download :

Juragan Roti Sepet

Critane : Basman dadi juragan nduwe pabrik Roti, Kartolo dadi anake Basman. Pas onok arek wedok(Ning Tini) nglamar kerjo nang Basman ditrimo karo Basman. E, njeketek (opo iku njeketek??) utowo ndilalah pas Tini metu kulakan tepung nang ndalan nemu bayek (bayi) digowo nang Basman. Basman muring-muring nuduh nek Kartolo karo Tini wis berbaut (eh, berbuat) macem-macem, akhire Tini diusir. Yok opo crito sa'wise, sampean ringekno dewe yo, pegel aku ngetik iki :)









Link Download :

Bayi Mata Kranjang

Critane : Kartolo bojone Tini, dadi mantune Sapari tapi dadi mantu sing males ambek mblebes karo morotuane (Sapari). Kartolo yo wani karo morotuane, akhire morotuane mangkel. Kartolo purik, minggat marani gendakane lawas sing jenenge Maryam (Karjo AC-DC), tapi mergo Maryam wis nduwe bojo Sokran, akhire Kartolo nyamar dadi bayi. Pingin ngerti terusane crito iki, ringekno dewe yo, nek gak puas yo sampeyan download , Gitu aja koq repot (niru Gus Dur) :)










Link Download :

Wednesday 8 April 2009

Welut Ndas Ireng

Critane : Yakin nduwe utang karo Kartolo, Munawar ambek Sapari sing jumlahe gak podho. Akhire wong telu iki nagih nang omahe Yakin, tapi dasare Yakine mbulet onok ae alasane supoyo de'e gak ditagih koncone maeng. Wong telu maeng teko nang omahe Yakin tapi gak bareng, ijen-ijen, lah Yakine mergo supoyo gak ditagih nggawe alasan semoyo-lah, loro adem panas, gendeng sampek Munawar wedhi. Yok opo jelase critane? Sampeyan ngringekno dewe yo :)


Link Download :

Tuesday 7 April 2009

Tumpeng Maut

Critane : Munawar kelangan sewek, tibakno sing nyolong koncone dewe Sapari, Munawar mangkel terus nglaporno Sapari nang Lurah Basman. Nah Sapari gak kurang akal, sewek'e didol, duwite digawe slametan, nah mudine (sing dungani) iku Kartolo, yok opo kedadean selanjute, Monggo diringekno mawon, nek pingin download, yo sampeyan download.

(Pemain : Cak Kartolo, Cak Sapari, Cak Munawar, Cak Basman, Ning Tini)








Link Download :

Dalang Gersang

Critane : Kartolo sing dadi dalang ngajak ewang Sapari karo Munawar, tapi wong loro iki (Munawar ambek Sapari) males gak gelem nggowo kotake wayang, akhire Kartolo sing nggowo kotake wayang. Munawar ambek Sapari teko disik nang wong sing nduwe gawe, ngentekno panganane ("papakan"), Kartolo teko keri gak uman opo-opo, barang mulai main tibakno sing digowo dudu' kotak wayang, Kartolo nggowo kotak tukang (alat2 pertukangan), akhire diganti wayang uwong. Yok opo kelanjutan critane, sampeyan rungokno dewe ae, ndang didownload selak ketemon ambek Cak Kartolo :).



Link Download :

Monday 6 April 2009

Jas Ontang-Anting

Critane : Cak Slamet nduwe jas cuma siji ndil (alias ontang-anting) tekan ndalan disilih karo Cak Kartolo sing terkenal mbulet, mergo gak tego Cak Slamet akhire ngekekno, tapi Kartolo ngomong njupuke jas iki nang omahe Basman, akhire Slamet setuju. Tibakno akal-akalane Kartolo ae ben Slamet njupuk jase nang omahe Basman, soale Basman arep dibujuki Kartolo nganggo alat jas-e Slamet maeng. Yok opo critane teruse? Basman opo kebujuk? duwike sing digowo mbalik opo gak? Ayo ndang dirungokno, nek pingin download yo downloaden. (Pemain : Cak Kartolo, Cak Slamet, Cak Basman, Ning Tini, Cak Sokran ambek Cak Sapari)





Link Download :

Kuro Kandas

Critane : Kartolo nggudo anake Pak Tohari sing jenenge Ning Tini, pas nggudo ketepakan Kartolo nggawe blangkon (sing rupane koyo kuro mengkurep, opo tumon kuro mlumah?). Saking kenemenen nek nggudo, neng Tini mangkel, terus ngandakno kelakuane Kartolo karo bapake (Tohari), gak mikir dowo Pak Tohari ngamuk pokok wong sing nggawe blangkon diantemi, pingin weruh kelanjutan critane, ndang rungokno, nek pingin download yo downloaden ! (Pemain : Cak Kartolo, cak Tohari, Cak Sapari, Cak Munawar karo Ning Tini)











Link Download :
peluang usaha

Sing Ngeklik iklan iki ta' dungakno rejekine akeh, Suwun :) :