SUGENG RAWUH TEN BLOG MP3 DAGELAN CAK KARTOLO CS LAN SUGENG MIDANGETAKEN

Carane Nggolek Duit Nang Internet :

Big Family "Bisnis STIFORP" Rotator

STIFORP Indonesia
Video Penarikan Bonus Stiforp via ATM MANDIRI

Belum join Bisnis Online Stiforp? Daftar DI SINI Semoga Sukses!!
Showing posts with label Kartolo Cs. Show all posts
Showing posts with label Kartolo Cs. Show all posts

Wednesday, 29 April 2009

Soto Gagak

Critane : Munawar iki bojone Ning Tini, wonge gak nduwe alias pas-pasan. Lha pas butuh duwek nggawe sa' bendinane gak ono, akhire kepeksan ngedol wedus siji (weduse onok loro) sing jenenge bejo, weduse iki sek cempe. Bareng teko dalan, wedus maeng semper, gak kuat mlaku, Munawar ketemu karo Kartolo mbarek Markeso, akhire Kartolo mbujuki Munawar, wedus maeng ditukar mbarek pitik babon, Munawar gelem. Pas gak suwi nek mlaku, Munawar ketemu Sapari, mbarek Sapari, pitik babon maeng diijoli kucing, Munawar yo gelem ae. Lha pas nang pasar Munawar bingung ketemu karo Basman sing dodolan Soto Gagak. Mbarek Basman malah diajak totohan, nek bojone Munawar bakal muring-muring mergo Munawar kebujuk maeng, totohane duwek 50 ewu. Yok opo terusan critane, Opo bojone Munawar muring-muring? Ringekno dewe yo :).

Link Download :

Dukun Ulo Enthong

Critane : Basman nduwe gendakan(pacar) jenenge Tini, sakjane Tini iki gak gelem karo Basman, tapi Basman wis entek-entekan bondho, opo ae dikekno nang Tini maeng, sampek-sampek Basman gak duwe duwek. lah pas ketemu koncone Sokran mbarek Sidik, Basman sambat, akhire wong loro maeng nduwe ide kanggo nggolek duwek ben cepet, Basman dikongkon dadi dukun, dukune arane "Nyai Losi". Supoyo ndang cepet oleh duwek langsung praktek wong loro maeng (sidik mbarek Sokran) dadi cantrike lha dukune "Nyai Losi" ndelik nang grumbul. Ndilalah pasien pertama koq gendakane Basman yoiku Tini mbarek pacare Kartolo. Yok opo polahe Basman bareng sing dadi pasien iku Tini mbarek gendakane Kartolo? ringekno dewe yo :) .


Link Download :

Monday, 20 April 2009

Endoge Welut

Critane : Kartolo ambek bojone Ning Tini saiki dadi tukang mbujuk, senengane mbujuki kanca-kancane, embuh alasane utang, embuh dodolan tapi gak onok barange :). Cak Munawar sing dadi tukang rombeng kenek bujuk, Sapari kenek bujuk jas, Cak Sokran sing nduwe pracangan beras lan sapunonggale kenek bujuk mbarek Ning Tini. Lha sing paling akeh kebujuk yo Basman sing nduwe depot. Yok opo terusane critane, opo wong papat iki nglabrak nang omahe Kartolo sing mbujuki? Ringekno dewe yo :)



Link Download :

Monday, 13 April 2009

Tenguk-Tenguk nemu Gethuk

Critane : Pak Sontolowo bojone Bu Anik nduwe anak lanang loro Sapari ambek Kartolo, Sapari iki arek enom sing mbeling, senenge ugal-ugalan, jarang mulih, Kanggo ngatasi "mbelingi" Sapari, wong tuwone rencana ngrabekno Sapari maeng, akhire Sapari gelem. terus Pak Sontolowo nglamar anake Pak Basman (jenenge Tini). Lha pas gawene, ternyata Sapari gak gelem, malah ngenyek manten wedok. Pak Sontolowo jelase yo wirang, kanggo nutupi wirang,e Kartolo nutupi cacake, ngrabi Tini. Yok opo terusane, rungokno dewe, yo ! (Pemain: Ning Anik, Pak Sontolowo, Cak Kartolo, Cak Sapari, Cak Sokran, Cak Basman, Ning Tini)



Link Download :

Sunday, 12 April 2009

Blontang Pemborong Bonafid

Critane : Cak Blontang dadi pemborong, duduk sembarang pemborong de'e dadi pemborong nggawe sumur bor, wis terkenal hasile. Lha, Ning Lasiana, bojone Cak Blontang manfatno profesine bojone kanggo nyeleh duwit nang Basman, tapi neng Lasiana ngaku bojone kerjo nang Pengeboran minyak luar pulau, dadi Basman percoyo ae, nyilihi duwik 500 ewu, bareng jatuh tempo Ning Lasiana gak mbalekno duwike, Basman bingung, terus nggoleki neng Lasiana. Yok opo crito teruse, ringekno dewe yo ! (Pemain: Cak Kartolo, Cak Sapari, Cak Blontang, Cak Basman, Ning Kastini ambek Ning Lasiana)



Link Download :

Thursday, 9 April 2009

Juragan Roti Sepet

Critane : Basman dadi juragan nduwe pabrik Roti, Kartolo dadi anake Basman. Pas onok arek wedok(Ning Tini) nglamar kerjo nang Basman ditrimo karo Basman. E, njeketek (opo iku njeketek??) utowo ndilalah pas Tini metu kulakan tepung nang ndalan nemu bayek (bayi) digowo nang Basman. Basman muring-muring nuduh nek Kartolo karo Tini wis berbaut (eh, berbuat) macem-macem, akhire Tini diusir. Yok opo crito sa'wise, sampean ringekno dewe yo, pegel aku ngetik iki :)









Link Download :

Wednesday, 8 April 2009

Welut Ndas Ireng

Critane : Yakin nduwe utang karo Kartolo, Munawar ambek Sapari sing jumlahe gak podho. Akhire wong telu iki nagih nang omahe Yakin, tapi dasare Yakine mbulet onok ae alasane supoyo de'e gak ditagih koncone maeng. Wong telu maeng teko nang omahe Yakin tapi gak bareng, ijen-ijen, lah Yakine mergo supoyo gak ditagih nggawe alasan semoyo-lah, loro adem panas, gendeng sampek Munawar wedhi. Yok opo jelase critane? Sampeyan ngringekno dewe yo :)


Link Download :

Tuesday, 7 April 2009

Tumpeng Maut

Critane : Munawar kelangan sewek, tibakno sing nyolong koncone dewe Sapari, Munawar mangkel terus nglaporno Sapari nang Lurah Basman. Nah Sapari gak kurang akal, sewek'e didol, duwite digawe slametan, nah mudine (sing dungani) iku Kartolo, yok opo kedadean selanjute, Monggo diringekno mawon, nek pingin download, yo sampeyan download.

(Pemain : Cak Kartolo, Cak Sapari, Cak Munawar, Cak Basman, Ning Tini)








Link Download :

Dalang Gersang

Critane : Kartolo sing dadi dalang ngajak ewang Sapari karo Munawar, tapi wong loro iki (Munawar ambek Sapari) males gak gelem nggowo kotake wayang, akhire Kartolo sing nggowo kotake wayang. Munawar ambek Sapari teko disik nang wong sing nduwe gawe, ngentekno panganane ("papakan"), Kartolo teko keri gak uman opo-opo, barang mulai main tibakno sing digowo dudu' kotak wayang, Kartolo nggowo kotak tukang (alat2 pertukangan), akhire diganti wayang uwong. Yok opo kelanjutan critane, sampeyan rungokno dewe ae, ndang didownload selak ketemon ambek Cak Kartolo :).



Link Download :

Monday, 6 April 2009

Jas Ontang-Anting

Critane : Cak Slamet nduwe jas cuma siji ndil (alias ontang-anting) tekan ndalan disilih karo Cak Kartolo sing terkenal mbulet, mergo gak tego Cak Slamet akhire ngekekno, tapi Kartolo ngomong njupuke jas iki nang omahe Basman, akhire Slamet setuju. Tibakno akal-akalane Kartolo ae ben Slamet njupuk jase nang omahe Basman, soale Basman arep dibujuki Kartolo nganggo alat jas-e Slamet maeng. Yok opo critane teruse? Basman opo kebujuk? duwike sing digowo mbalik opo gak? Ayo ndang dirungokno, nek pingin download yo downloaden. (Pemain : Cak Kartolo, Cak Slamet, Cak Basman, Ning Tini, Cak Sokran ambek Cak Sapari)





Link Download :

Kuro Kandas

Critane : Kartolo nggudo anake Pak Tohari sing jenenge Ning Tini, pas nggudo ketepakan Kartolo nggawe blangkon (sing rupane koyo kuro mengkurep, opo tumon kuro mlumah?). Saking kenemenen nek nggudo, neng Tini mangkel, terus ngandakno kelakuane Kartolo karo bapake (Tohari), gak mikir dowo Pak Tohari ngamuk pokok wong sing nggawe blangkon diantemi, pingin weruh kelanjutan critane, ndang rungokno, nek pingin download yo downloaden ! (Pemain : Cak Kartolo, cak Tohari, Cak Sapari, Cak Munawar karo Ning Tini)











Link Download :

Sunday, 29 March 2009

Kartolo iku sopo?

Kartolo iku dagelan Ludruk Sawunggaling, de'e ambek Cak Sapari, Cak Sokran, Cak Munawar, Cak Tohari, Cak Blontang lan Ning Tini nduwe grup jenenge "Kartolo Cs".
Aku sek eling pas aku sek SD th 80-an, pakdheku nduwe kasete dagelan Kartolo Cs, terus pas SMP, mbahku seneng ngrungokno dagelan Ludruk Kartolo Cs liwat radio "Merkuri" nang Suroboyo wektune jam 11 bengi, tapi aku melok ngrungokno, soale lucu puol, sementara tivi sing onok cuman TVRI, dadi radio sing dadi andalan hiburan, opo maneh pas jam 11 bengi nyetel channel radio "Merkuri" ngrungokno dagelane Cak Kartolo Cs.
Nah mergo iku aku nglumpukno koleksi mp3 Cak Kartolo kanggo tombo kangen terutama kanggo dulur-dulur sing adoh omah koyo nang luar negri. Sa'liyane isok di-download, yo isok diringekno (niru Basman) langsung tinggal klik tanda panah (play) wis muni.
Sing gelem download, aku nyediakno rong versi, versi pertama "low quality" ukuran file cilik kiro 3 sampek 4 MB, mono; versi kedua "high quality" ukuran file gedhe 25 sampek 30 MB, stereo.
Carana Download:
1. "low quality" via server Ziddu, carane klik link "low quality" terus muncul site anyar klik download, terus isien kotak kosong koro ongko utowo nomer sbelah kanan kotak terus klik download, muncul window anyar klik "save file"
2. "high quality" via server kewlshare , carane klik link "high quality" terus muncul site anyar, miliho "Free User" terus muncul site anyar klik kotak abang "Proceed to download" terus metu panah ijo, klik ae tulisan "Download Now" terus muncul kotak pilihen "save file"

Nah nek pingin cepet anggone download, join nang Ziddu utowo kewlshare, keuntungane sampeyan isok upload file gak terbatas, nek file sampeyan didownload uwong sampeyan oleh komisi, enak khan? Nek pingin join klik banner nang ngisor iki :

- Nek join Ziddu klik banner



- Nek join kewlshare klik banner



Nek wis mari download, ojok lali nyuport aku, carane klik iklan sing nang ngsior utowo nang samping, supoyo aku isok terus ngupdate blog iki, Matur suwun.
peluang usaha

Sing Ngeklik iklan iki ta' dungakno rejekine akeh, Suwun :) :