SUGENG RAWUH TEN BLOG MP3 DAGELAN CAK KARTOLO CS LAN SUGENG MIDANGETAKEN

Carane Nggolek Duit Nang Internet :

Big Family "Bisnis STIFORP" Rotator

STIFORP Indonesia
Video Penarikan Bonus Stiforp via ATM MANDIRI

Belum join Bisnis Online Stiforp? Daftar DI SINI Semoga Sukses!!
Showing posts with label Kartolo cs mp3. Show all posts
Showing posts with label Kartolo cs mp3. Show all posts

Sunday, 3 May 2009

Sepor India

Critane : Blontang ngesir mbarek anake Basman sing jenenge Tini, akhire ngongkon Kartolo nglamar. Sa' durunge Kartolo nglamar didisiki Sapari nglamar disik, tapi mbarek Basman gak ditrimo mergo Spari penggaweane cuman ngedok lemah. Mari Sapari mulih, Kartolo nglamarno Blontang, tapi Kartolo ngomong ngene " Cak, aku nglamar, lha iki fotone juraganku" (mbarek nduduhno fotone juragane Kartolo), berhubung fotone ganteng, mbarek Basman ditrimo ae, Tini yo gelem mergo ndelok fotone. Lha yok opo kisruhe pas mantene Blontang, ringekno dewe yo :)






Link Download :

Dadung Kepuntir

Critane : Munawar nduwe bojo Ning Susiati, lha Basman nduwe bojo ning Tini. ketepakan rong keluarga iki koq podho gegeran. Munawar gegeran karo bojone ning Susiati, lha Basam yo sering gegeran mbarek bojone Nong Tini. Akhire rong keluarga iki pisah-pisahan, Basman pisah mbarek Ning Tini, Munawar yo pisah mbarek bojone. Pas nang ndalan Munawar ketemu mbarek Kartolo karo Markeso, akhire Munawar ketemu Ning Tini (bojone Basman) lha Basman ketemu bojone Munawar (Ning Susiati). Yok opo teruse critane? Ringekno dewe yo :) .











Link Download :

Wednesday, 22 April 2009

Mantu Ulo Sowo

Critane : Kartolo dadi mantune Basman, bojone jenenge Ning Tini. Tapi Kartolo iki kebacut metel(males) nyambut gawe, sampek Basman muring-muring ambek Kartolo. Pas onok Sidik nang omahe Basman, de'e ndelok fotone Tini, dikiro sek bujang de'e langsung nglamar, mbarek basman ditrimo ae, tapi de'e bingung yok opo carane nyingkirno Kartolo. Akhire Basman ngongkon Sapari dikongkon mateni Kartolo, ambek Sapari diakali nggowo klambine Kartolo ambek ngomong Kartolo wis dipateni buktine klambine Kartolo maeng, Tini sing ngerti koyok ngono maeng langsung gendeng, bapake (Basman) bingung, akhire nggolek dukun. Yok Opo crito teruse, opo Kartolo bener mati, yok opo nasibe Tini? Ringekno dewe yo :)




Link Download :

Tuesday, 21 April 2009

Jrangkong Krinan

Critane : Blontang, Kartolo mbarek sapari koncoan, runtang-runtung wong telu. Akhire pas onok warunge Cak Sokran wong telu maeng mampir, terus mangan sa'warege. Bareng pas mari mangan wong telu maeng gak duwe duwek blas, terus semoyo nek arep nyaur utange maeng. Cak Sokran gelem, tapi kudu onok jaminane. akhire Blontang sing dadi jaminan, kudu mbantu Cak Sokran nang warung maeng. Pas Cak sokran lempeh (lengah), Blontang mlayu, saking wedihe Blontang ndelik nang kuburan. Yok opo terusan critane, ringekno dewe yo :)







Link Download :

Bolah Ruwet

Critane : Critane Onok wong wedok jenenge Ginah (Ning Susiati) kelangan anak sing jenenge Ginten (Tini), terus ketemu mbarek Kartolo lan konco-koncone. Kartolo akhire seneng mbarek Ginah maeng (sing umure pantes dadi ibuke), ambek Kartolo diajak mulih ketemu mbarek Bapak'e (Basman). Lha Basman yo kedayoan Ginten (Tini) sing sa'durunge ketemu Bagong (buruhe Basman) terus akhire Tini seneng mbarek Basman lan gelem diajak kawin. Pas Kartolo mulih, anak mbarek mboke ketemu (ginah ketemu Ginten). Yok opo crito teruse, ringekno dewe yo:)




Link Download :

Genthong Mengkureb

Critane : Ning Tini dadi rondo, nduwe gendakan jenenge Kartolo. Lha pas nang ndeso iku onok Pak Bayan (Munawar) yo seneng mbarek Ning Tini maeng. Lha pas Kartolo janjian arep ketemu mbarek Ning Tini, Pak Bayan ndingkik. Lha pas wayahe janjian, Pak Bayan teko ndisiki, dadi nang omah cuman wong loro, Pak Bayan karo Ning Tini. Pas onok grebekan wong-wong sing jogo mbarek Pak Polo, Pak Bayan bingung akhire ndelik nang genthong (genthonge dikurebno). Yok opo crito teruse, ringekno dewe yo :)


Link Download :

Sopir Lori

Critane : Kartolo nduwe gendakan (pacar) sing jenenge Ning Jasmani, Kartolo wis sepakat arep nglamar ning Jasmani. Ndilalah onok sing nglamar disik, mbarek bapake Ning Jasmani (Kancil) ditrimo ae, jenenge sing nglamar koq podho karo jenenge bapake yoiku Sokran, penggaweane yo podho yoiku Sopir. Atine Kartolo langsung mbedodok de'e ngamuk nang Bapake, akhire Bapake Kartolo (Sokran) mbarek Kartolo nggenahno masalahe nang bapake Jasmani. Yok opo terusan critane, ringekno dewe yo :)




Link Download :

Monday, 20 April 2009

Manten Puret

Critane : Kartolo nduwe pacar sing jenenge Ning Tini, tapi ndilalah bapake (Munawar) ndisiki nglamar pacare maeng, opo gak mbedodok atine Kartolo. Akhire Kartolo nggawe akal ben Bapake gak sido dadi manten karo pacare maeng, de'e nggawe surat nek kemanten lanang kecelakaan sampek matek. Akhire sing ngganteni manten lanang maeng yo Kartolo. Yok opo akhire crito, yok opo nasibe Munawar? ringekno dewe yo :)

Link Download :

Tuesday, 14 April 2009

Srabi Kecemplung Kalen

Critane : Kartolo nyambut gawe nang kutho, ambek juragan wedok de'e disenengi, lha pas mulih nang ndeso de'e bingung nggolek biaya kanggo rabi karo pacare sing jenenge Tini. Terus Kartolo nduwe rencana nggolek duwek gawe ongkos rabi ngajak Tini bareng nyambut gawe nang kutho. Pas Nang kutho ndilalah juragan lanang (Basman) seneng ambek Tini, Tini dike'i duwek; juragan wedok seneng ambek Kartolo, Kartolo yo dike'i duwek pisan. Yok opo terusane critane, ringekno dewe yo :).









Link Download :

Kriwikan Grojokan

Critane : Kartolo mulih nang ndeso perlune kate njaluk warisan mergo utange akeh. Lha Pamane Kartolo sing jenenge Basman eling pesene bapake Kartolo, nek Kartolo oleh njupuk warisane nek Kartolo wis rabi. Mergo Kartolo durung nduwe gendakan (pacar), kartolo njaluk tulung pamane yok opo ndang cepet rabi, Basman nduwe ide Kartolo diolehno gendakane Munawar (anake Basman) sing jenenge Tini, tapi onok syarat-syarat tertentu. Yok opo kelanjutane critane? ringekno dewe yo :)


Link Download :

Thursday, 9 April 2009

Loro Pangkon

Critane : Munawar arep rabi oleh anake Pak Basman jenenge Kastini (tapi Kastini gak seneng ambek sek dibawah umur). Munawar njaluk tulung Kartolo karo Sapari ngramek-ngramekno gawene/kemantenane njaluk wong loro maeng (Kartolo ambek Sapari) ngadakno Loro Pangkon (serah trima pihak manten lanang lan pihak manten wedok nganggo acara rebutan jago). Ndilalah pas acara rame (takon2an ambek gelut barang) Kastini (manten wedok) minggat, Munawar karo Pak Basman bingung nggoleki. Yok opo terusane, rungokno dewe yo, mosok koyok arek bayek ae dicritani terus :).







Link Download :

Juragan Roti Sepet

Critane : Basman dadi juragan nduwe pabrik Roti, Kartolo dadi anake Basman. Pas onok arek wedok(Ning Tini) nglamar kerjo nang Basman ditrimo karo Basman. E, njeketek (opo iku njeketek??) utowo ndilalah pas Tini metu kulakan tepung nang ndalan nemu bayek (bayi) digowo nang Basman. Basman muring-muring nuduh nek Kartolo karo Tini wis berbaut (eh, berbuat) macem-macem, akhire Tini diusir. Yok opo crito sa'wise, sampean ringekno dewe yo, pegel aku ngetik iki :)









Link Download :

Bayi Mata Kranjang

Critane : Kartolo bojone Tini, dadi mantune Sapari tapi dadi mantu sing males ambek mblebes karo morotuane (Sapari). Kartolo yo wani karo morotuane, akhire morotuane mangkel. Kartolo purik, minggat marani gendakane lawas sing jenenge Maryam (Karjo AC-DC), tapi mergo Maryam wis nduwe bojo Sokran, akhire Kartolo nyamar dadi bayi. Pingin ngerti terusane crito iki, ringekno dewe yo, nek gak puas yo sampeyan download , Gitu aja koq repot (niru Gus Dur) :)










Link Download :
peluang usaha

Sing Ngeklik iklan iki ta' dungakno rejekine akeh, Suwun :) :